Rabu, 17 November 2021

JANGAN ADA DUSTA DIANTARA KITA...

GELANE ORA UWIS-UWIS.

ALHAMDULILLAH TEKAN TITI MANGSANE WULANE NAMPA DUIT AKEH....., 

PESANGON, PENSIUN WIS DIWEI NGERTI DISIT, KARO PETUGAS KEUANGAN..
"DUIT PESANGONE WIS CAIR...WIS MLEBU NENG REKENING BANK..." 
WENGINE ORA BISA TURU AREP NAMPA DUIT....

WAKTU KUE WULAN APRIL 2006, WIS TAK ETUNG-ETUNG AREP NAMPA DUWIT PESANGON MP (MANFA'AT PENSIUN) DIBAGI-BAGI NGGO KIYE, NGGO KIYE..WIS TAK RINCI, TAK CATETI...

SAKING BUNGAHE TGL 1 MEI TH 2006 NGACIR AGE-AGE NEMONI PENGURUS KOPERASI PERIODE TH 2003-2005, 

NGLUNASI UTANG-UTANG KOPERASI, JANGKA PANJANG, JANGKA MENENGAH, JANGKA PENDEK, EMERGENSI, JUMLAHE KABEH RP.9.745.000,- (SANGANG JUTA PITUNGATUS PATANG PULUH LIMA EWU)...

RASANE KAYONG BLONG, WIS ENTENG ORA DUE BEBAN...

KROCO MUMET, SUGIH UTANG, NAMPA DUIT AKEH, BISA NGLUNASI UTANG...

BISA NYISIHNA DUIT SAK MENDING-MENDING... 

SYUKUR ALHAMDULILLAH YA ALLAH, ATAS RIZKIMU, TIDAK KEMANA SAMPAI KEPADA YANG BERHAK..ATAS KEHENDAKMU YA ALLAH..







OLIH UNDANGAN RAPAT RAT TH.2007 

KEPENGURUSAN PERIODE 2006-2008.....

TGL PELAKSANAANE HARI MINGGU 09 MARET 2008..

NANGINGSORE TANDA TANGAN KETUA .....ANA CATATAN..

KOLOM DAFTAR SIMPANAN ANGGOTA.
PER 31 DESEMBER 2007...

KARO 
KOLOM DAFTAR SALDO BUKU PINJAMAN ANGGOTA.
PER 31 DESEMBER 2007..

INYONG KAGET LUAR BIASA...UTANG NEMBE BAE DISAUR MEI 2006 RP.9.745.000,-
KOH ISIH MUNCUL SALDO PINJAMAN PER 31 DESEMBER 2007 RP.9.444.000,- 

NGANTI SEPRENE ORA NANA PENJELASANE....













 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

JANGAN MELUPAKAN SEJARAH 1. DUA ORANG KORBAN LUKA BAKAR SERIUS PELAKSANAAN PEKERJAAN PENGGANTIAN MINYAK PMT 20KV BULK OIL FEEDER P2. ...